Kamis, 27 Mei 2021

Atur Panglamar

Meniko saget  dados tulada menawi penjenengan  pikantuk  jejibahan sulih sarira ngaruraken lamaran. 


ATUR PANGLAMAR
Assalamu 'alaikum wr.wb.
Innalhamda lillah nastainuhu  wanastaghfiruhu, wanau dubillahi minsyururi  antisipasi, wamin syayiati akmalina,  mayyahdillahu fala mudilalah wamayudlilhu  fala hadiyalah.

-    Para Sesepuh-Pinisepuh ingkang dahat kinabekten.
-    Para Rawuh kakung putri ingkang kinurmatan.
-    Bapa   Bambang Iswahyudi dalasan Ibu Ratna Sulistyowati  ingkang minulya.

Minangka purwakaning atur sumongga  kula derekaken  manengku  puja mewah ngunjukaaken raos syukur  wonten ngarsa  dalem Allah  SWT,  awit lumintuning barokah saha rahmat sahingga saget makempal wonten dalemipun Bapak Bambang Iswahyudi.


Nuhoni keparengipun Bapa Sugeng Suratno sekalian Ibu Samilah, ingkang pidalem Setren Kec. Bendo, Kabupaten Magetan, kula minangka sulih sarira , kadhawuhan matur:

Ingkang Sepisan : ngaturaken salam taklim pangabekti saking Bapa Sugeng Suratno sekalian Ibu Samilah dalasan sedaya kulawarga, katur dumateng Bapa  Bambang Iswahyudi sekalian Ibu Ratna Sulityowati sakkulawarga, sinartan pepuji mugi panjenengan tansah winantu ing kawilujengan, pikantuk berkahing Gusti, Allah Ingkang Maha Mirah.

Kaping kalih : awit saking panyuwunan putra kakung ingkang nomer kalih ingkang kekasih Bagus Bondan Huda Prabowo anggenipun kayungyun dhateng ingkang putra putri panjenengan, ingkang kekasih kusumaning ayu    Ferdina Ristananda, mila Bapa Sugeng sekalian Ibu Samilah kepareng  ambabaraken krenteking manah dhumateng panjenengan.

Ingkang punika , kabekta saking awrating tiyang sepuh, mbok bilih wonten rena ing penggalih panjenengan sak kulawargo, punapa dene sampun tinakdir dening Gusti Allah SWT dados jodhonipun, ..   Mbak FERDINA RISTANANDA, dipun suwun dadoso  jatukraminipun Mas Bondan 

Wasana, panyuwunipun Bapa Sugeng sekalian kala wau, mugi keparenga panjenengan tumunten paring wangsulan utawi ananggapi sarta angimbangi anggenipun sumedya badhe bebesanan .

Mbok bilih cekap semanten anggen kula matur, menawi wonten cicir ceweting atur satemah mboten damel rena ing panggalih, mugi kapendemo wonten bumining  pangapura.

Nuwun
Wassalamu 'alaikum wr.wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar