Minggu, 19 Juli 2020

Talenta menulis Hindun

Bahwa Hindun bisa  menulis,  saya pikir banyak orang yang tahu, karena sudah terbukti menghasilkan satu buku novel di kelas 9 SMP.
Pelajar SMA 1 Magetan kelas 12 IPA 7 ini  ternyata juga  bisa  menulis  cerpen bahasa Jawa. Beruntung sekali di SMA juga ada pelajaran bahasa Jawa. 

"Guru saya itu  masih muda bi, tapi pinter sekali bahasa Jawa", kata dia, di saat santai bersama saya. Guru yang bisa membangun image,  sehingga muridnya mengatakan sebagai guru pandai,  itu guru yang hebat.
Sehingga anak-anak  mengidolakan, akhirnya dengan senang hati  belajar mata pelajaran yang diampunnya.

Bu Dika nama gurunya,  di tengah pandemi covid 19 ini  memberikan tugas menyusun cerkak, bahasa Jawa. Berikut ini hasil tugas  yang dikumpulkan. 

Nama: Hindun Fitria Masitoh
Nomor: 17
Kelas: XII MIPA 7

Tugas Damel Paguneman Ngangge Unggah - Ungguhing Basa

Bima dolan menyang omahe Hendra, arep budhal mancing wong loro bareng. Nanging ora Hendra sing ditemoni, malah Mas Jaka sing lagi wae kondur saking Surabaya. 

Bima: "Ndra! Hendra!"
(Ora ono wangsulan)
Bima: "Ndra! Hendra! Kok yo sepine ora ana sing nyaut ki ning ndi yo? Ndra! Hendra!"
Mas Jaka: "Waalaikumsalam! Ealah Bim, sliramu kui mertamu ning omahe wong opo ora luwih becik yen uluk salam dhisik ta?"
Bima: "Waduh, Mas Jaka. Ngapunten Mas, kula kinten boten wonten tiyang. Raosipun sepen sanget lho mas wau. Ngapunten nggih, mas!"
Mas Jaka: "Hmm iyo wes, ora apa-apa. Gek kene, mlebuo! Hendra sek adus."
Bimo: "Nggih mas. Maturnuwun."
Mas Jaka: "Bapakmu apa wis kondur saka Jakarta?"
Bima: "Alhamdulillah sampun mas, kala wau dalu."
Mas Jaka: "Alhamdulillah. Sliramu arep dolan karo Hendra ta?"
Bima: "Nggih mas. Celak-celakan mawon, badhe mancing."
Mas Jaka: "Wong loro wae?"
Bima: "Nggih mas. Lha pripun mas saenipun?"
Mas Jaka: "Sek, sek. Sliramu arep mancing ning telaga kidul kana ta?"
Bima: "Nggih mas. Leres."
Mas Jaka: "Lho, jeru kui telagane. Opo ora wedi?"
Bima: "Lha boten ta mas. Wong kula niku lare jaler kok ajrih."
Mas Jaka: "Yo ngerti aku. Ning telaga kui pancen jeru lho, Bim. Winginane ana bocah klelep amarga nglangi dhewekan ning kana."
Bima: "Astaghfirullah, saestu ta mas?"
Mas Jaka: "Lha iyo, mosok aku ngapusi. Wong nganti kepaten lho, Bim. Wes, ngene wae aku tak melu sliramu karo Hendra mancing. Nanging aku ora melu cawe-cawe, mung ngawasi wae. Pye?"
Bima: "Lha napa boten ngerepoti mas?"
Mas Jaka: "Yo ora, wes gak usah bingung. Santai wae karo aku."
Bima: "Menawi mekaten, kulo ndherek mawon mas. Murih saged aman lan wilujeng."
Mas Jaka: "Yo uwis, tak salin dhisik, ya?"
Bima: "Nggih mas. Monggo."
(Mas Jaka mlebu, Hendra metu)
Hendra: "Sampeyan bar omong-omongan bab opo Bim karo Mas Jaka?"
Bima: "Yo lumrahe wong omong-omongan. Pye? Sampeyan bisa ta mancing saiki?
Hendra: "Tenang wae. Aman. Mas Jaka durung ngerti aku arep budhal mancing."
Bima: "Lho?! Lha aku mau wis kandha Mas Jaka, awkae dhewe arep budhal mancing."
Hendra: "Waduhh!!!!"
Bima: "Ngapa Ndra sampeyan?"
Hendra: "Yen ngene iki carane aku ora bisa metu! Yen ora ngono, mesti Mas Jaka bakal melu-melu iki!"
Bima: "Waduh. Lha sampeyan gak kandha aku dhisik, yen sampeyan kandha ora bakal tak kandhakne Mas Jaka iki mau!"
Hendra: "Healah, yo wis. Gak apa-apa ya Mas Jaka melu?"
Bima: "Yen aku ora apa-apa."
Hendra: "Aku sing apa-apa."
Wong telu budhal mancing ing telaga. Karo jejaduman bab sopan santun.
Mas Jaka: "Bim, aku lali arep ngandhani sliramu. Ojo lali yen mertamu ning nggone sapa wae, uluk salam dhisik. Yen ora ngono, nyuwun sewu. Ora becik anggonmu dolan nggone Hendra mau, durung uluk salam wis langsung nyeluk jeneng. Ora peduli kui kanca sing wis cedhak, utawa wong sing durung kokkenal sing penting tetep kudu njagani sing jenenge sopan santun. Ajining diri dumung ing lathi, ajining raga dumung ing busana, eling ya. Iki kanggo Hendra barang."
Bima: "Nggih mas, kulo nyuwun pangapunten ingkang sanget."
Hendra: "Mas Jaka iku, kok ngono ae dibahas."
Bima: "Hus! Basamu lho Ndra!"
Hendra: "Ben wae. Wes biasa ngene iki."
Mas Jaka: "Yo ngene iki Bim, Hendra yen dikandhani ora ngenekne. Aku wes gak iso ngandhani maneh ngantian."
Bima: "Boten sah sumleang mas. Kula sing ngandhani mangke."
Mas Jaka: "Iya kana, kandhanana kui bocahe. Wes gak kuat aku."
Bima: "Siap, Mas Jaka!"
Hendra: "Alah! Njenengan ki wis ta lah mas. Gak usah ngurusi aku. Jaman saiki kok sek nganggo bebasan, wis ora tren e!"
Mas Jaka: "Lha sopan santun marang wong tua ke opo kudu ngenteni tren?  Opo basa marang wong kui ngisin-ngisin sliramu? Nyebabake sliramu malih ketok ndesomu? Ora, Ndra. Kudune sliramu ngerti, sing malah wajib dirabuk jaman-jaman saiki yo kui nyinau bab unggah-ungguhing basa marang wong sing luwih tuwa."
Hendra: "Hm. Iya, iya."
Mas Jaka: "Ealah apa ta Ndra! Yen dikandhani isine mung iya, iya. Ayo gek ndang mulih wae, wis wancine sholat dhuhur iki."
Bima: "Nggih mas. Monggo."
Tekan omah e Hendra.
Pak Sutoyo: "Lho, kok rame bar ko ndi iki mau?"
Mas Jaka: "Assalamualaikum Pak, kulo kaliyan lare-lare nembe mawon bibar mancing."
Pak Sutoyo: "Waalaikumsalam. Lho sliramu melu to Ka?"
Mas Jaka: "Nggih, Pak. Nanging kulo namung ningali kemawon."
Pak Sutoyo: "E ngono. Iyo wes kono, ndang mlebu, anakmu nangis kae. Putuku yen tak gendhong malah pijer nangis wae."
Mas Jaka: "Menawi mekaten, kula mlebet riyen nggih, Pak."
Pak Sutoyo: "Iyo, le."
Pak Sutoyo: "Lha iki wong loro kok ngadek ae nyapo? Ora pengin lungguh pye?"
Bima: "Boten Pak, kula badhe wangsul rumiyin, sampun wancinipun Dhuhur."
Pak Sutoyo: "E ngono. Iya le, ngati-ngati ya ngger."
Bima: "Nggih Pak, maturnuwun. Assalamualaikum,"
Pak Sutoyo + Hendra: "Waalaikumsalam."
Pak Sutoyo: "Lha sliramu ora mlebu Ndra?"
Hendra: "Ngko wae Pak. Sek teles klambine."
Pak Sutoyo: "Ealah Ndra. Mbok yo sithik-sithik sinau bab unggah-ungguhing basa marang wong tuwa. Bima kui pinter bocahe iso basa marang wong tuwa."
Hendra: "Angel Pak. Kula males, akeh eram bab sing kedah disinau."
Pak Sutoyo: "Tanah jenenge nyinau. Mesti ana rasa wegah, males, lan liya-liyane. Amarga awake dhewe iki durung biasa nglakoni. Tapi yen sliramu semangat lan seneng nyinau, basa jawa iku asline apik banget isine. Yo oleh sliramu pinter basa wong manca, Bapak ora ngelarang. Nanging luwih becik yen awakmu tetep nglestareake budaya Basa Jawa iki. Jaman saiki akeh bule sing nyinau Basa Jawa, malah nrithik banget omong jawane. Kui mertandhani yen Basa Jawa asline nyimpen akeh banget wewarah sing becik. Nyinau lan pinter basa krama lan liya-liyane kui ora ngisin-ngisini sliramu. Malah wong padha seneng ngrungokake, sliramu bisa pinter basa ne wong manca, ning ya ora lali karo basamu dhewe."
Hendra: "Hm, jan-jane kula nggih kepingin Pak nyinau. Nanging kula isin kaliyan Mas Jaka sing jarene paling pinter basa krama marang wong tuwa, sak desa niki."
Pak Sutoyo: "Yen ngono belajar o karo masmu kui. Dhewek e mesti seneng yen dijaluki tulung adik siji-sijine iki nggo nyinau unggah-ungguhing basa. Ben anak e bapak loro kabeh, ngerti sopan santun unggah-ungguhing basa marang wong tuwa."
Hendra: "Nggih Pak. Menawi mekaten kula tak nyinau bab unggah-ungguhing basa kaliyan Mas Jaka!"
Pak Sutoyo: "Lha iki lagi semangate anake Bapak. Yo wis ayo gage mlebu, sholat jamaah bareng."
Hendra: "Nggih Pak."









2 komentar: