Sabtu, 13 Februari 2021

Sulamin Pemuda Sukomoro yang semangatnya membara



Aku mari lulus SPG Magetan Juni 1986 dijak kangmase kanca neng  Jakarta  ,.. budal mari Rioyo  ... jroning ati suuuneng arep golek gawean neng ibukota RI  ... masia gak guru ya ra papa  ...

Tekan ibukota nglamar 3 pabrik gak ana sing nampa  ... 3 wuln melu kangmase kanca mangan turu,  ngejak dolan anake kangmase iku mau ,  karo hasile lamaran  ...

3 wulan akhire mulih neng kandhange alias neng omah  ... sebab sungkan karo sing ngejak neng Jakarta.

Oleh sak wulan ditawani sukuan guru  ... pase neng Desa Kembangan sisih lore Desa Tinap.  
Sing nawani Kep Sek e daleme  Desa Tamanan,  kidule desaku let rong desa. Asmane P Sadiran.

Saben dina aku ngedhang neng dalan neng desaku, terus diboncengne sepeda motor Suzuki Jet Coled warna abang.  Kreditan sebab usum kredit sepeda motor PNS. Sukuan tak lakoni 2 th .  

Saben prei catur wulan, aku kerja nguli neng bangunan neng Surabaya. Termasuk mbangun gedhung Dinas Pertanian Jawa Timur, aku nguli neng kono. 

Pas wayahe prei arep entek, aku arep mulih  ... la kok mandore mlayu,  aku lan kannca2 ra dibayari  ... akhire aku adol semene pemborong karo kanca sing urung dibayari.  Sepurare aja ditiru  ...  tapi kepeksa merga ra dibayari arep mulih.  Biasane saben Sabtu sore bayaran.

Tekan omah, mulang cah2 kelas 4 maneh SDN 3 Kembangan.

Pas prei liburan kenaikan kelas,  aku pamitan neng daleme Kep Sek P Sadiran Desa Tamanan. Arep mengundurkan diri,
merga tak enteni suuuwe ra ana pengangkatan guru PNS. 

Aku duwe kepikiran diangkat guru neng Irian Jaya ya gelem. Tapi ra ana pengangkatan guru PNS.

Akhire aku merantau ngadu nasib, dijak misanan neng Desa Sedayu Kec. Sedayu Gresik. Kerja neng Kosipa  Koperasi Simpan Pinjam utawa bank thithil.  Merga dithithili saben dina utange alias nyicil saben dina. Diarani bank kempit merga bukune utawa cathetane dikempit ngalor, ngidul, ngetan, lan ngulon saben dina, mlebu metu omahe nasabah.

Ana tanggane nasabah,  wonge kira2 umur 36 th. Wonge uuayu masia wis duwe anak SMA, mungkin nikah muda bek e.  Saben aku nagih neng nasabahku, wong nyawaaang ae.  Mungkin aku GR. 

Salah sawijing dina nasabahku ngomong neng aku. ‘‘ Bang Amin ... sampean kon neng Bu Ima iku lo.  Jare arep utang neng sampean’’.

Bareng tak parani neng omahe, ngobrol ngalor ngidul ... intine ora utang mung crita utawa curhat.

Ngono iku nganti X 3  utawa 3 dina,  bek e aku arep diolehne anake sing SMA. Aku dusuguhi jajan tau, dusuguhi panganan ya tau, Aku tau gak oleh mulih, alasane rena2, padahal wus duwe bojo.Tibak e wonge seneng aku.

 Terus sak teruse aku gak wani, neng omahe kuatir ditangkep wong kampung.

Oleh setaun dipindah neng Tanjung Khodhok Lamongan saiki saiki WBL.  Gara2 th baru aku mulih terus mbolos 2 dina, sebab  dulur Sukomoro Magetan duwe gawe mantu.

Neng Tanjung Khodhok saben Minggu dijak kanca wong Mediun oleh wong Desa Sidayu Lawas, golek nener anake urang windu neng segara.

Neng Desa Sekapuk aku ditawani arep diolehna anake juragan gedhe, duwe prahu 2 , anake uuuayu kuuuning ... rambute dawa sak bangkekan ngandhan2 , keibuan, meneng, kalem.
Tapi sayang mung lulus SD, maklum wong daerah pantai iku jarang sekolah nganti SMA.  Lulus SD melu dadi nelayan wong tuwane nek lanang, nek wedok neng omah kerja mbelek iwak sing dadekne ikan asin.

2
Episode 2

Aku mulai dipindah neng Tanjung Kodok saiki jenenge  WBL
Dadi petugas koperasi simpan pinjam iku saben 3/4 wulan dipindah ... spy gak nganti kenek masalah duit , kaya korupsi.

Saben dipndah panggonan nasabah , mesthi ana suka dukane.
Sukane : nek nasabahe lancar pembayarane ... iku suuueneng lan enjoy nyabut gawe.
Sing gak enake nek ditakoki wis duwe bojo apa durung  ... iku nek eis dijawab duwe akeh ra percaya. 
Tau  aku arep diolehne anake  ... cahe ya ayu, atletis, ketoke ya gelem. Tapi aku sing rung karep, sebb kerjaku sik rung isa dijagakne kanggo masa depan. Tau ra leh mulih dijak ngobrol ngalor  ... intine arep dipek mantu. Dulure padha ngumpul ... aku bingung wedi. Nganti nggoleki kantore Kosipa. Aku pesen kanca ... spy dikandhakne aku ra ana. 
Akhire nek nagih njaluk tulung tanggane.

Akhire aku njaluk pindah neh. Sing pindah nggon iki rada adoh. Ngliwati daerah adoh karo desa. Suatu saat udan deres, ra ana omah bingung ngiyup. Terus udan mandheg ra ana nggo ngiyup. Terpaksa ngiyup sor wit. Dadakan ana kethek liar. Aduh mati aku ... iki kethek tenan apa bangsa lelembut ya pikirku. Awake gedhe ... aku siap2 golek gepuk mbok menawa arep nyerang. La tibak e tenan. Aku diparani, aku bengok2 nyuara banter lan gepuk tak gepuk2na. Alhamdulillah 🤲 ... kethek e mlayu wedi. Aku langsung amblas masio udan. Tinimbang ana maneh, lan kuatir nggawa kanca. 

Teka kantor teles kebes klambi lan clana. Ati sik deg2an eling kedadean mau.

Neng duwe kanca saka Mediun. P Karmin asmane. Jabatane Kepala Mantri. Aku dadi bawahane. Akrab kerep dielok i lan disupervisi. 

Saben dina Minggu golek hiburan. Kadhang dolan neng Tanjung Kodok. Kadhang nggone kanca sing rada cedhak kantor.

P Karmin wis nikah karo cewek Sidayu Lawas. Saben dina mulih neng maratua sebb omahe rada cedhak. Aku karo kanca2 sering dijak golek nenereng segara nek dina Minggu.

Nasip lagi apes, nasabah ana mlayu, akhire suwe ora bayar. Pas ana pengecekan, merga suwe ora angsuran, dubebakna aku. Dikon ngkunasi angsuran nasabah. Jaman sak mana 100rb iku wis akeh. Gajiku dipotong saben wulan nganti lunas.

Aku susah sebb gaji berkurang. Padhahal aku duwe tanggungan bayari SPP adhikku sekolah SPG karo SMP.

Alhamdulillaah 🤲 ... wektu nelangsa wis entek sebb angsuran lunas. 
Neng desaku ana listrik masal. Nek pasang listrik, SPP ne adhikku jelas gak isa bayar. Akhire tak rewangi utang duit  kanca kanggo beaya padang listrik neng Mbokku.
Basa wis suwe alhamdulillah akhire utangku lunas.

Th baru aku mulih. Terus mbolos 2 dina. Akhire aku dinpindah neng Gresik. 
Saben dina mergawe kaya biasane.

Nelangsane yen usum udan. Daerahe adoh karo desa neng desa liyane. 
Pas udan deres, arep ngiyup gk ana omah. Terus sik adoh, dalane jemek ban sepada ra isa mlaku. Akhire leren gubug elek wis ra dinggoni. Aku nelangsa, ya Alloh kapan ya isa oleh gawean liya sing gak wira wiri  saben dina.
Akhire tekan kantor sore meh Mahhrib.


sambung candhake  ...


Bersambung  🤭🤭🤭

Oleh setaun dipindah neng Gresik kota. Saben dina mergawe

Iku kanggo aku dhewe merga GR  ... dilem dhewe   😁😁😁  ...


Sak jane aku ya naksir kanca SPG cahe ys neng grup iki  ... tapi aku tipe pemalu ra wani nembak jare cah saiki  🤭🤭🤭  ...

Iku kanggo aku dhewe merga GR  ... dilem dhewe   😁😁😁  ...


3 komentar:

  1. Ha...ha...ha..lucu deh...salam ya utk muridnya bapak.

    Semangat terus.
    Saya tdk bisa komen blog panjang habis bingung yg dikomentari intinya adalah perjalanan hidup itu penuh suka dukanya. Jln terjal pasti ketemu dan itu hrs dilalui jika ingin lulus. Kembali lg yg penting Iman. Semua tgk lepas dari keimanan seseorsng. Syka Duka Senang Susshnitu rangkaian ujisn didunia. Siapa yg lulus melewati itu semua dan ikhlas krn Allah maka pahala bagi orang yg beriman. Semua yg ratang d pergi krn Allah.

    Thanks sahabat.....seneng kembacanya krn pakai bahasa jawa ngoko....biar kita tetap paseh berbahsa daerah kita.
    Sehat semangat dan good luck...

    BalasHapus