Minggu, 12 September 2021

Penampi pasrah Sugeng Suratno

Berikut  ini kutipannya;
Assalamu 'alaikum wr.wb.
Innalhamda lillah nastainuhu  wanastaghfiruhu, wanau dubillahi minsyururi  angfusina, wamin syayyiati a'malina,  mayyahdihillahu fala mudilalah wamayyudlilhu  fala hadiyalah.

Ashadu  alah  iraha illalloh  wa asyhadu ana  Muhammadarosuululloh

Allahumma  sholi  ala  sayidina  Muhammad  wa  ala aliihi  wa  ashabihi  ajmain. 

Robisrohli  sodri  wayassirli  amri  wahlul  ukdatam milisani  yafkhohu  kouli. 

Amma  bakdu.

Para Sesepuh-Pinisepuh ingkang dahat kinabekten.
Para Rawuh kakung putri ingkang kinurmatan.
Bapa   Bambang Iswahyudi dalasan Ibu Ratna Sulistyowati  ingkang minulya.
Minangka purwakaning atur sumongga  kula derekaken  manengku  puja mewah ngunjukaaken raos syukur  wonten ngarsa  dalem Allah  SWT,  awit lumintuning barokah saha rahmat sahingga saget makempal wonten dalemipun Bapak Sugeng Suratno

Nuhoni keparengipun Bapak Sugeng Suratno sekalian garwa, kula minangka sulih sarira , keparenga  matur:

Ingkang Sepisan : ngaturaken salam taklim pangabekti saking Bapa Sugeng Suratno sekalian Ibu Samilah dalasan sedaya kulawarga, katur dumateng Bapa  Bambang Iswahyudi sekalian  sakkulawarga, sinartan pepuji mugi panjenengan tansah winantu ing kawilujengan, pikantuk berkahing Gusti, Allah Ingkang Maha Mirah.

Kaping kalih ngaturaken wilujeng rawuh, mugi dipun sekecaken  anggenipun pinarak lenggah. 

Bapak Sugeng kala wingi sampun  kepareng  nderekaken ingkang putra ijab  miturut satataning agami,  nyuwun  pangestu  dumateng  para tamu  sedaya mugi  anak kula Bagus Bondan Huda Prabawa saha kusumaning  ayu Ferdina  Ristananda anggenipun  ngancik  aneng  alaming  bebrayan  kalis ing rubeda  manggih  suka basuki  ingkang kaesti,  saha dadoso kulawarga  ingkang sakinah  mawadah  warohmah.  

Wondene nuhoni  pasrahipun  Bapak  Bambang,  lumantar  Bapak .... . Katampi Kanti asta kalih saha suka renaning penggalih. Ingkang putra kaaken, kagulawentah  kadidene  putra piyambak.

Wondene  mbok bilih anggenipun  nampi  rawuh penjenengan  wonten kiranging boja mewah  krama  Bapak Sugeng  namun tumpah baludaging  samudra pangaksama. 

Wondene  purnaning  adicara penjenengan  sak kadang ngersakaken  kondur,  Bapak Sugeng  sak kadang,  namung  nderekaken  wilujeng  kondur  mugi rahayu ngantos dalemipun  sowang  sowang. 

Datan kekilapan  Bapak Sugeng  ugi ngaturaken  panuwun  ingkang tanpa  pepindan  dumateng  sanak kadang,  tinggi tepalih  ingkang sampun  paring  panyengkuyung dumateng  hajatipun  Bapak Sugeng.  Mugi sih kadarman penjenengan  kacatet  minongka  amal sahe  ingkang pikantuk  piwales  saking  ngarsanipun Gusti  Allah, ingkang  sakalangkung  ageng. 

Pepuntaning  atur mbok  bilih anggen  kula matur  wonten  gonyak  ganyuking wicara  ingkang  biten nuju  prana  kulo ngaturaken  jenang  sela wader  kalen  sesoanderan  ngapuranta sedaya  kalepatan  kulo.

Yu painten  marut  klopo,  tuku kupat nang Sukomoro , cekap semanten  atur kawula, menawi lepat  nyuwun  pangapura.

Wassalamu  alaikum wr.wb. 






Tidak ada komentar:

Posting Komentar