Minggu, 01 Mei 2022

Adat Padepokan Pringgondani

Nyerpepeh- nyerpepeh pinda sata manggih krama, wiwit  ngancik ing bumi padepokan  Pringgondani, para satriyo pinilih pinapak obor sewu, pinaringan  unjukan tirto wening kang mijil saking kendi pertolo.  Kapundut  saking sendang derajat kang mapan wonten lengkehing  argo lawu.

Mengku  pralampito tumapaking  podo tumuju margi ingkang lurus kaparingan colok obor pepadang  saking  dzat ingkang moho wikan. 

Wondene pinaringan unjukan  mrih sabaraing pakarti  tansah linambaran  weninging  manah  mewah menebing kalbu  , satemah  ingkang tinemu  hayom hayem  mewah tentrem. 

Lajeng  dipun  siram  sekar setaman  ingkang  toyonipun  kapundut  saking  7 sumur  ingkang mapan  ing sisih  wetan Kidul, kulon  ler lan tengahing  kitho  Magetan. 

Mengku  pralampito  hangicali saliring sukerta,  reresik jiwa rogo sahingga  suci sajroning  pikiran, pangucap lan solah bowo kang tumus  jroning kalbu.

Menopo to tegesipun  Pringgondani?
Pring  sampun  ngarani,  nggon  meniko  papan,  dani  meniko  ndandani.  Dados  Pringgondani  meniko  papan  kangge ndandani  poro  satriya  tomo  tumuju  dateng karahayon. 

Lajeng  kaderekaen sungkem  dateng  pangarsane  padepoan  Pringgondani,  poro  satriya pinilih  sumungkem  ing  pepadaniro pangarso,  karono enget  bilih  pangarso  ingkang  paring  wewarah  wedaring  satriyotomo  ingkang  hambeg berbudi bawa laksana. 

Kata  kata di atas  wedaran  panyondro untuk  wisudan  lulusan  KMD, KML ataupun KPD yang diterima  sebagai warga  Kasatriyan  Pringgondani  , diiringi  gending  ketawang Rujit. 

Ini semua  baru  konsep  yang harus disempurnakan  menunggu  masukan  dari kakak kakak  semuanya. 


1 komentar: