Sabtu, 19 November 2022

Atur pambagyo harjo

Assalamu 'alaikum wr.wb.

Innalhamda lillah nastainuhu  wanastaghfiruhu, wanau dubillahi minsyururi  angfusina, wamin syayyiati a'malina,  mayyahdihillahu fala mudilalah wamayyudlilhu  fala hadiyalah.

Ashadu  alah  iraha illalloh  wa asyhadu ana  Muhammadarosuululloh

Allahumma  sholi  ala  sayidina  Muhammad  wa  ala aliihi  wa  ashabihi  ajmain. 

Robisrohli  sodri  wayassirli  amri  wahlul  ukdatam milisani  yafkhohu  kouli. 

Amma  bakdu.
Para alim ulama ingkang tansah sinand8ng wahyuning Gusti,
Para Sesepuh-Pinisepuh ingkang dahat kinabekten.
Kadang besar sak penderek saking puh 3 inhkang kinabekten 
Para Rawuh kakung putri ingkang kinurmatan.

Ing ngriki kulo minongko sulih sariro talanging boso  saking Bapak H. Parmo.

Minangka purwakaning atur sumongga  kula derekaken  manengku  puja mewah ngunjukaaken raos syukur  wonten ngarsa  dalem Allah  SWT,  awit lumintuning barokah saha rahmat sahingga saget makempal wonten dalemipun Bapak H Parmo.
Kaping kalih mugi sholawat saha salam tansah kunjuk ngarso  dalem Rosululloh SAW ingkang sampun paring turunan Agami Isalam ingkang anjog dateng karahayon.

Para tamu ingkang luhuring budi ,
Bapak Haji Parmo  ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpo pepindan awit rawuh penjenengan  sedaya , selajengipun ngaturaken wilujeng rawuh, mugi dipun sekecaken  anggenipun pinarak lenggah ngantos dumugi  purnaning pawiwahan.


Selajengipun Bapak H Parmo datan kekilapan ngaturaken  agunging panuwun dateng sanak kadang mitra pitepangan ingkang sampun  paring pambiyantu iguh pertikel  minggahipun dateng dana prabeyo. Sedaya kasumanggaken dateng ngarsaning Gusti  mugi sih kadarman penjenengan  kacatet dados amal sholeh  ingkang Gusti  bade paring piwales ingkang sakalangkung  ageng.

Bapak Ibu para tamu kakung putri wreda tumaruno ingkang kinurmatan. 

Sanadyan sampun cetho kaserat dateng kintokoworo, parandene awit sukingtyas marwotosuto, ingkang menika kanti raos suka kepareng ngaturaken baybaring sedyo wudaring gontho.

Madyaning suko ing kalenggahan menika Bapak H. PARMO kepareng mahargyo suta amiwoho siwi , putranipun ingkang kekasih bagus Alim
Ingkang pikantuk  kusumaning ayu Roro.... nun inggih  putranipun Bapak ..... ingkang mijil saking...



Pepuntaning  atur mbok bilih anggenipun  nampi  rawuh penjenengan  wonten kiranging boja mewah  krama Bapak  H. PARMO  namung tumadah baludaging  samudra pangaksama ingkang Agung.
mbok  bilih anggen  kula matur  wonten  gonyak  ganyuking wicara  ingkang  boten nuju  prana  kulo ngaturaken  jenang  sela wader  kalen  sesoanderan  ngapuranta sedaya  kalepatan  kulo.

Yu painten  marut  klopo,  tuku kupat nang Sukomoro , cekap semanten  atur kawula, menawi lepat  nyuwun  pangapura.

Wassalamu  alaikum wr.wb. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar