Senin, 01 Agustus 2022

Cagakan Gendera


Ayo lur genderane ndang di pasang,  ben meriah  pengetan  17 Agustus , biyen ngene iki  dadak di prentahi  mbah Kamituwo. Saiki kesadaran  pribadi.

"Run.... sesuk genderane dipasang". Dawuhe mbah Kamituwo marang  Bapakku.
"Nggih  mbah ". Wangsulane Bapakku  banjur  jekekal  golek  cagakan gendero.

Aku wis apal. Sangger  nyedaki  pengetan  17 Agustus mesti  dadak  mbingungi  golek  cagakan gendero. 

Biasane  biyen  cagakan gendero  kuwi  digawe  saka  pring. Lumrahe pring lanang  golek sing lurus.  

Mboso bar pengetan  17 an,  cagakan  gendero  mau banjur  kanggo  pemehan  klambi.

Kurang bejane  leh ndeleh sak gon-gon. Mboso ngono dipangan rayap.

Tak sawang  tonggoku  yo ngono. Saben  17 Agustus  mbingungi  golek cagakan gendero.

Mboso aku wis omah- omah  tak gawekne  soko pipo wesi. Wis ben jarot  ojo dipangan rayap. Nek dipangan  rayap  yo bangeten  nek seneng untune  mrotholi.  

Banjur aku  pesen neng anakku,  "lhe wesi  iki  kanggo  cagakan gendero,  ojo  kok  grajeni  gawe dolanan  ya."

"Nggih Pak". Wangsulane  anakku.

Sore  iki wis tak pasang genderaku,  banjur  tonggoku  melok- melok pasang.  Tanah pak Guru  ke biasane  kanggo tulodha nang ndeso.

Dadi  nek biyen  ngentene prentahe  mbah Kamituwo  utowo  Mbah Bayan.  Saiki  ngenteni  gone pak Guru. Gone pak guru  wis pasang po durung  ngono.

Nek pirang  pirang ndino  durung pasang  banjur  aku cluluk.  "Yu genderane ndang  di pasang, pengetan  17 Agustus iki".

"Yo pak Guru". Wangsulane  Yu Ni,  tonggoku. Banjur  obah  golek  cagakan gendera.

Wilujeng  ambal warso ingkang kaping 77, Kamardekan  Bangsa Indonesia,  mugi Lestari widodo  nir  ing sambi  kala. Gemah ripah loh jinawi  tata tentrem kerta raharjo.
Merdeka...!

Magetan,  1 Agustus  2022


9 komentar: