Jumat, 28 April 2023

Pasrah pengantin Kakung

Assalamualaikum warohmatullohi wabarokatuh 
Alhamdulillah 
Bapak Ibu Suratmi ingkang kulo bekteni.
Para pinisepuh para sesepuh ingkang mastuti dumateng pepoyaning kautamen
Para alim ulama Bapak Kyai Bapak Haji ingkang tansah sinanding wahyuning ilahi.

Para pangemban pangembating praja Para satriyaning negari ingkang tansah dados pandam pandoming kawula dasih ingkang pantes sinudarsono 

Para tamu kakung putri trah baraya agung  ingkang ambeg berbudi darmo.

Sakderengipun kulo ngaturaken menggah wigatosing pisowan kulo, keparengo langkung rumiyin  kulo derekaken manengku puja mewah ngunjukaken raos syukur  wonten  ngarsa dalem Allah SWT . Inggih awit rumentahing barokah tuwin kawilujengan , satemah  lampah kula hangirid panekaring penganteng  kakung  manggih rahayu wilujeng  saking pringgabayaning margi.

Minangka purwakaning atur , kula kinen ngaturaken  salam  taklimipun Bapak Rahmad sak keluarga  mugi katampi Ibu Suratmi  sak kulawarga. Sumusul atur ingkang angka kalih  , sowan kula saperlu anglarapaken sekar cepaka mulya sasele inggih pengantin kakung anakmas Bagus Muhammad  Rizki Syahrullah putranipun Kakung Bapak Rahmad.  Mugi ing mriki kaaken kagulawentah kadi dene putra piyambak.

Ugi katur para sanak kadang tangga tepalih  minggahipun  bebrayan Agung Beran Ngawi keparenga  paring tambah wewarah  dateng anakmas Muhammad  Rizki Syahrullah ingkang anjog  dateng karahayon.

Kajawi saking punika , minangka tangsuling katresnan, kula kinanthen sasana redana/ amplop tuwin ubarampe sawetawis , mugi katampia kanthi sula renanning penggalih  , serta sageda nambahi raketing  pasederekan anggenipun sami mangun bebesanan. 

Mangke sak paripurnaning gati kula sak kadang kepareng nyuwun pamit mugi lampah kula tansah kalis saking pringgabayaning margi ngantos dumugi papanipun sowang sowang.

Selajengipun  mbok bilih sowan kula sak kadang  wonten  ingkang kirangnujuprono kula tansah  tumadah mbaludaging  samudra pangaksama ingkang Agung.

Minangka panutuping  atur , kula titah sawantah , tartamtu kathah kalepatan tuwin  kekiranganipun. Awit saking punika  , kiranging subasita mewah tumpangsuhing basa mugi kapendema wonten bumining  pangapura. 

Wabilahi taufiq wal hidayah wassalamu alaikum wr.wb 





Tidak ada komentar:

Posting Komentar